LAYANG BASA JAWA



Contoh Surat Basa Jawa 1
Salam Kanggo Dik Dea
Kelas IV MI Nurul Huda Semarum
Trenggalek

Kanthi lumantaran layang iki, aku aweh kabar kanggo awakmu yen kahananku alhamdulillah apik lan sehat, semono ugo mugo-mugo kahananmu tansah sehat lan rahayu wilujeng.

Oh iyo, apa dik acaramu pas dino libur 1 Muharom wingi ?
Acaraku wingi mlaku-mlaku menyang alun-alun karo ayah lam ibu. Neng kono akeh papan mainan anak-anak sing iso atiku seneng. Enek bandulan, enek jungkitan, enek air mancur, enek dolanan pasir puteh lan sak panunggalane. Kabeh iku biso mau gratis lho dik.

Dak kiro cukup semono wae surat soko aku, liyo wektu disambung maneh.
Tak enteni balesan suratmu yo dik !!!!


Semarum, 25 Oktober 2014
Mitramu

Sania Berliana Ramadani



Contoh Surat Basa Jawa 2
                                                                                                Kanggo kancaku.
                                                                                                Anastasia Kusuma Dewi
                                                                                                Ing Karanganyar.



Salam kangen,,,
Kanthi layang iki aku menehi kabar, Manawa aku lan kaluwargaku ginanjar Gusti ing keslametan lan bagas waras. Dak jaluk sliramu sakaluwarga uga pinarigan keslametan lan bagas waras.
Bakune layangku iki, aku ngabari mengko ing dina prei semesteran rama, ibu lan aku arep sowan eyang menyang Karanganyar. Aku sengaja ndherek jalaran aku kepengin dolan menyang Tawangmangu nonton grojogan Sewu. Yen ana longgar wektu mbesuk dak jaluk kowe gelem ngancani aku.
Wasana cukup semene kabar saka aku, mengko ketemu ing dina prei semesteran.


                                                                                                Purwodadi, 1 Pebruari 2011
                                                                                                Kancamu,
                                                                                                Magdalena Putri Sejati


Contoh Surat Basa Jawa 3

Kagem Bude Uki
wonten ing Semarang
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Kadus pundi kabaripun, menapa sae sae sedaya. Kula sehat walafiat. Mugi - mugi kabaripun Bude Uki nggih sami.
Kanti serat menika kula kepingin ngajak Bude Uki tindak dhateng Malang. Griya kula sampun tambah sae. Bude Uki menapa kagungan wedal tindak dhateng Malang.
Kula kinten cekap semanten rumiyin. Sames wedal dikpun sambung maneh.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Sakaluwarga
B. Indah C. lan Alifiandi, Nafi, Dafi



Contoh Surat Basa Jawa 4
Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah
Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani
Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang  Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani
Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani
Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Contoh Surat Basa Jawa 5

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Panjenengan bapak-bapak, ibu para warga ingkang kinurmatan, para kadhang werdha mudha sedaya ingkang kula tresnani.
Kula tansah ngaturaken gunging panuwun awit kerawihan panjenengan sedaya wonten ing papan punika, bab punika nedahaken bilih bapak, ibu lan para sederek sedaya angrumaosi minangka salah satunggaling warga ingkang sae. Kula sanget bingah lan mengkog ing penggalih anggadhahi warga kados bapak, ibu lan kadang-kadang sedoyo.
Bapak ibu, lan kadang-kadangs edaya kita remen kalian kaindahan lan kabersihan. Abersihan lan kaindahan meniko satunggaling kunci ketentreman, napake mawon! Ingkang asri lan sae badhe cepet ical kaindahanipun prikala mendeke mawon kanti kotor lan mboten kumrawat, kadosa ageman sae ingkang kotor dados mboten sae, semanten ugi kados untu ingkang rapi nanging kotor meniko ugi mboten diremeni.
Mula kagem njaga kabersihan lingkungan mangga kita laksanaaken kerja bakti, sareng-sareng.
Tartamta kemawon kanthi kerja bakti punika kita wiwiti kanthi ambudayakaken tresna dhateng kebersihan lingkungan punika, sedyaning manah kula, sesampunipun kerja bakti budaya tresna dhateng kebersihan.
Para tamu sedaya kebersihan menika salah satunggaling pokok kesehatan, menawi lingkungan kita resik, mila gesang kita badhe jeraos nyampun.
Mekaten, lan nyuwun gunging pangapunten manawi thitaling atur kula, kiranging suba sita miwah tumpang suhing basa lan sastra panutuping atur.

wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Contoh Surat Basa Jawa 6
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak/Ibu guru lan poro rawuh ingkan kulo mulyaaken dening Allah SWT.
Tepangaken asmi kulo Darmaji murid kelas gangsal Sekolah Dasar. Wonten akhir tahun pembelajaran puniko kulo badhe paring pidato masalah “Sekolah ijo”.
Poro rawuh ingkang munulyo,
Ingkang diarani “Ijo” puniko mboten mung salah sijining werno, nanging wonteng hubungane kalian seger, nyaman, lan lingkungan kang sehat. Ting pundhi-pundhi cukul wit-witan, woh-wohan, lan suket, tebih sangking polusi. Wit ageng-ageng kinoto rapi wonten tengen lan kiwane trotoar dalan. Mboten wonten macet dan sampah pating semerawut wonteng dalan.
Kagem kulo, lingkungan ijo berarti kulo saget main lan seneng-seneng karo konco-konco, manas wonten ngisore srengenge tanpo kuawatir kulit dadi ireng. Kelas dadi nyaman kanggo sinau lan muleh sekolah tanpo kringetan.
Poro rawuh ingkang minulyo,
Kulo dilahirkan Wonten kota niki, Sangata – Kota Tambang Batubara. Lan kulo saklami-lamine tetep dados penduduk Sangata. Meski Kulo nembe nyedot howo Sangata sedoso tahun, ongko kang saget diitung ngangge deriji. Nanging kulo badhe nderek urun rembug masalah Sangata.
Miturut Ibu, tiyang-tiyang saking pelosok penjuru Indonesia podho sami dateng wonten Sangata sami pahos pendamelan lan pungupo jiwo. Amargi, ting Sangata wonten tambang batubara – KPC, bapak kulo nyambut damel ting mriko. Wonten perusahaan sampun nerapaken aturan kesehatan lan keselametan lingkungan. Amargi kesehatan puniko penting sanget, mboten mawon dateng poro pekerja nanging ugi dateng poro siswo.
Sinten ingkang badhe tanggung jawab njogo lingkungan sekolah niki lan dan Sangata dadi resik, ijo, lan sehat?
Jawabane inggih puniko “Kito…Kito……..warga sekolah, masyarakat, lan pemerintah”. Bilih kito purun disiplin, mongko kito saget wujudaken sekolah kito dadi sekolah iji, lingkungane aman, lan nyaman kangge sinau. Lan diwiwiti sangking sekolah niki, kebersihan lan lingkungan sehat Kota Sangata saget diwujudaken. Mugi-mugi mimpi kulo lan kito sami saget dipun sembadani dening Allah.
Kulo percados, bilih kito duweni coro ingkang bedo-bedo, nanging tujuane podho. Contone, kulo tanggungjawab marang lingkungan sekitar kulo, poro rawuh tanggungjawab marang lingkungane dewe-dewe. Masyarakat lan pemerintah tanggungjawab ning lingkungane, mongko kota niki bakal dados kota ingkang ijo lan sehat.
Poro rawuh ingkang minulyo,
Kulo percados bilih poro rawuh sarujuk kaleh usulan kulo ndadhosake sekolah niki ijo lan resik. Panggonan ~ poro rawuh gesang, Panggonan ~ poro rawuh padhos nafkah, Panggonan ~ anak-anak nulis cito-citone, lan “the place where your future begins” kados papan kang dipampang wonteng ngajenge sekolahan.
Puniko wau urun rembug kulo, mugi-mugi saget maringi manfaat dateng kito sami. Amin ……
Akhirul kalam…
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Contoh Surat Basa Jawa 7

Assalamu’alaikum wr.wb.
Dhumateng Kepala Sekolah Ibu Siti Mahmudah ingkang kula hormati
Dhumateng Bapak lan Ibu guru ingkang kula hormati
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kula tresnani

Hadirin ingkang kula tresnani..
          Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur dhumateng ALLOH SWT. Amargi sampun maringi berkah lan karunia, sahengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal ‘afiat.

 Hadirin ingkang kula tresnani..
        Kaping sepindah ingkang kita sedaya perlu sadari, lingkungan menika panggenan kangge kita sedaya nggantungaken gesang umat manungsa. Amargi menika kita sedaya kedhah njagi lingkungan sae – sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Salah satunggalipun cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita inggih menika njagi kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese inggih menika lingkungan kang layak kangge dipanggeni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjagi amargunipun menika kita sedaya kedhah njagi kebersihan lingkungan supados nyiptakaken gesang ingkang layang  lan sejahtera.

 Hadirin ingkang kula tresnani
       Njagi kebersihan lingkungan inggih menika cara kang becik kangge nyegah penyakit – penyakit ingkang ngintai ing musim jawah. Njagi kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani SMP N 5 KEBUMEN menawi sekolah kita resik tiyang sanesipun mboten sungkan kengge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya kangge ngresiki sekolahan menika. Dampak positif inggih menika kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungan resik.
Cekap semanten ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta – klentunipun anggenipun matur kulo nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum wr.wb.

Semanten artikel ingkang kula aturaken ,
Maturnuwun..

 




 




Post a CommentDefault Comments

emo-but-icon

Hot in week

Comments

Side Ads


jadwal-sholat

Text Widget

Connect Us

item